GURU SEJATI

sepiro duwurmu ngudi kawruh, sepiro jeromu ngangsu ngilmu, sepiro akehe guru ngajimu tembe mburine mung arep ketemu marang sejatine awake dewe

sopo sing wus biso nemoake sedulur batine kakang kawah adi ari2 papat kiblat lima pancer, sejatine wus nemu guru sejatine

koyo epos bimo nggoleki kayu gung susuhing angin, gigireng panglu (bibir globe), galihing kangkung, watesane langit jaladri utawa nggoleki dlamakane kuntul mabur

utowo goleki papat napsu sing ngiring jiwo rogo siro yoiku Sufiah (putih), Mutmainah (kuning), ALuamah (abang) lan Amarah (ireng).

kabeh mau artine isoo nggulowentah sekabehane napsu sing ono jiwo lan rogone awake dewe

yen wus iso, banjur nemu guru kang sejati, sejatine guru, yoiku awake dewe-dewe.

Wassalam.

By.lisan

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TAWASUL

Cara HADIAH FATIHAH

LIRIK LAGU PURGATORY